contoh puisi bahasa jawa

SILAHKAN SCROLL KEBAWAH UNTUK MELIHAT YANG LAINNYA



DAHANA
Kaanggit dening Landra Fikri Dzaky


Geni iku dahana
Dahana iku dadi mitrane manungsa
Yen mung samadya...............
Nanging, yen dahana murka
Manungsa bisa cilaka sengsara.....
Bondo donyo pada ilang musna
Kepangan dahana kang murka
Nanging..........
Yen ora ana dahana
Manungsa ora duwe tenaga
Dahana......
Awakmu piguna kanggone manungsa
Gawe diyane manungsa saben dina
Matur nuwun dahana dak aturna.........
Tak dongakno awakmu gesang sampurna
Saengga manungsa bisa duwe tenaga
Bisa makarya kanggo raharjaning keluarga....
Matur nuwun dahana


LINTANG~LINTANG
Oleh Sintasidor

Lintang~lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar~gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

Lintang~lintang alihan
cumlorot teluana pundhakku
kawitan lintang abang litang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan


NGANGSU KAWRUH
Oleh Migi Kurnia Ristiani

Nglangi wonten bebrayan ing sesaminipun
aja lali nyuwun pangestu
marang rama ugi biyungmu

Ngangsu kawruh mugi piguna
tumrap nusa bangsa menyang nagara
lan saged migunani sliramu pribadi

Matur-nuwuna marang gurumu
guru ingkang kebak asih
guru ingkang sabar
ingkang sampun nggulawentah kowe
lan sayekti pakaryan luhur

Ngangsu kawruh ora mlirik umur
ngangsu kawruh uga ra ndelok rupa
ngangsu kawruh ugi ora mlerok drajat

Terusken anggonmu ngangsu kawruh
jer wus sabaya pati


MAHAMERU
Oleh Migi Kurnia Ristiani

Alon liwat angin ardi
angin anganti angkuping yayah wibi
tembang saka sambarang satwa
iramane alus ngumandang harmoni

Rembulan liwat
kabeh lintang sumebar
cahyane abyor gumebyar ing langit
marekake ati tentrem

Kabut kandel nutupi wit-witan
hawa adem sumilir liwat
Aku trimo kahanan alasmu
sakjerone nggonmu opo anane
‘Mahameru kang digadhang’



PENGEN KETEMU
Oleh Desi Fitri Estari

Sasangka wengi iki ngelengake aku
Menawi anggonmu ngancani siraku
Anggonmu kang madangi nala iki
Nanging sliramu neng ngendi...
Ilang ora ngerti...
Budhal ora ngandani...
bekas iki mblrut ati
Udan tangis paningal iki.
Angin sumilir ora bisa nambani..
Aku pingin ketemu.....
Nanging ora bisa,
Semono uga welas iki ora bakal sirna
Aku kudu marta,
aku kudu kuwawa,
Aku kudu nggolekki anggonmu,
Supaya bisa nggayuh pangarep-arep iki,
Gegayuhanku mung eka,
Supay bisa bebarengan karo sliramu,
Lan bisa ketemu nalika ing impenku...
Duh tresna aku pingin ketemu..



LAYANG SUWORO
Enisaraswati

Esok mau aku pingin ngucapne...
Tahun baru hijriah...marang panjenengan kang mas..
Ora nyono ora ngimpi...
Naliko arep dak kirim...jariku salah pencet

Opo iki sing diarani..nasip lagi apes
Layang suworo teko panjenengan
Ilang kabeh....

Yen panjenengan takon...
Opo rasane atiku...naliko layang suara ilang...
Aku getun...ananging mung sithik..

Kahanan iki sing ngawe aku nyimpen
Sewu pitakon sing dhak jawab dewe
Ora ono sing kebeneran...
Kabeh kuwi kasane...Sang Gusti

Awake dewe iki mung wayang...kang mas...
Opo jare dalang...obah ngiwo opo obah nengen
Crito ono pambukane...ono ugo pamukasane
Tak jalok marang panjenengan...ayo di tompo kanti nglegowo